Minggu, 10 Februari 2013

Sesorah syawalan



Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Dhumateng Bapak dhukuh ingkang dhahat kinabekten

Panjenenganipun Bapak RW saha Bapak RT ingkang kinurmatan

Saha para warga ingkang tansah bagya mulya

Sumangga panjenenganipun sedaya kula ngaturaken puji lan syukur dhumateng gusti pangeran ingkang maha kuwaos, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanugrahan,kanikmatan saha kabagaswarasan panjenegan kaliyan kula. Satemah panjenengan lan kula pinarengaken makempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng boten kirang setunggal menapa



Para Bapak Ibu dalah kadang ingkang minulya,

Rahmating Allah ingkang awujud kamardikan punika mujudaken rahmat ingkang kedah kita jagi. Para pahlawan sampun ngurbanaken bandha, tenaga, lan jiwa murih bangsa lan negara punika saged uwal saking regemaning perang muka. Pramila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan, kanthi lenging manah namung :

Sepisan : Ngonjukaken syukur kita dhumateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa.

Kaping Kalih : Ngenget-ngenget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardikan. Kita unjukaken puji pandonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi dipuntampi lelabetanipun lan kaparingan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.

Kaping Tiga : Kita lajengaken lelabetanipun para pahlawan nyampurnakaken hasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari mardika punika amrih makmur. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan arupa kamardikan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara.

Para sedherek sedaya ingkang bagya mulya,

Mangga ing kalodhangan punika kula ngajak supados para warga saged nuwuhaken watak ingkang saged ngrembakaken semangat nasionalisme tumrap bangsa lan negara saengga saged sareng sareng mbangun nagari ingkang kita tresnani punika.

Mekaten atur sepala saking kula, nyuwun agunging samodra pangaksami menawi wonten kiranging subasita, miwah cecer ceweting basa tuwin sastra.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar