Minggu, 10 Februari 2013

Pratanacara



Assalamu’alaikum Warrahmatullahi. Wabarakatuh.

Ingkang kinabekten Ibu Kepala Sekolah saha Ibu Bapak guru ingkang kinurmatan,

Bapak Ibu wali murid, miwah tamu undangan ingkang minulya, para sederek kelas IX ingkang sutresna.Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang Mahawelas lan asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang tanpa pepindhan. Satemah Satemah panjenengan lan kula pinarengaken makempal wonten ing adicara “perpisahan IX” menika kanthi rancag tanpa alangan setunggal menapa



Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ingkang mundhi dhawuhipun ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara ing wanci menika. Titi laksana rinantam mekaten:



1. Adicara ingkang kapign setunggal inggih menika Pambuka.

2. Adicara kaping kalih, Tanggap wacana saking Ibu Kepala Sekolah.

3. Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII.

4. Atur pamitan saking kelas IX

5. Panutup.



Bapak Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika.

Tumunten adicara ingkang kaping kalih inggih menika Tanggap wacana saking Ibu Kepala Sekolah, ingkang menika dumatheng Ibu H. Tri Rukmini, S.Pd minangka Kepala Sekolah, Sumangga.

- Tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah-

………………………………………………………………………………………………………

Matur nuwun dumatheng panjenenganipun Ibu H. Tri Rukmini, S.Pd

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika Tanggap wacana saking adik kelas wakil kelas VII/VIII, dhumateng sederek Bima kasumanggaken.

-Tanggap wacana saking wakil kelas VII/VIII-

………………………………………………………………………………………………………

Matur nuwun dhumateng sederek Bima.



Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur pamitan saking kelas IX. Dhumateng Abisam ingkang kajibah amakili kasumanggaken

………………………………………………………………………………………………………

Matur nuwun dhumateng sederek Abisam.

Para rawuh ingkang minulya

Kados sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila sampun dumugi pethiting titi laksana. Kula sakadang ingkang dherekaken tumapaking adicara ndhereka mangayubagya dhumateng sederek sedaya kelas IX, Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna dungkaping atur miwah solah bawa, cicir cewet adamel kuciwa, keparenga para rawuh paring agunging samudra pangsaksami.



Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi. Wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar