Sabtu, 03 Maret 2012

TATA CARA NANDUR PARI

assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
hari ini saya post "tata cara nandur pari". saya post ini karena pengalaman pribadi saya. saya ada tugas bahasa jawa untuk membuat tata cara nandur pari secara tradisional, pertama saya coba search di mbah gugel. tetapi hasilnya tidak seperti yang saya inginkan, tidak seperti yang saya sudah saya tahu selama ini.
akhirnya, dengan bantuan sang bapak tercinta saya membuat di bawah ini. saya lembur sampai jam 11 malam loh untuk tugas ini.
dan, inilah "tatacara nandur pari"..semoga membantu

TATA CARA NANDUR PANTUN


1.    Panyiagan Wiji Pantun (pawinihan)
Ndamel pawinihan anggrupekaken tumindak wiwitanipun nandur pantun. Ndamel pawinihan mbetahaken kasiagan ingkang sae, sebabipun winih wau ingkang nentukaku tuwuh ngrembakanipun pantun, pramila pawinihan kedah dipun gatosaken sanget. Supados pikantuk winih ingkang sae. Pawinihan dipuntindakaken kanthi nyebar wiji kanthi radin wonten ing bedhengan ingkang ngemot toya ingkang cekap ananging mboten ngembong. Ing dalem 3 dumugi 4 dinten, wiji sampun thukul. Winih ingkang sampun umur 3 minggu kala wau sampun siap dipun tanem. Bibit ingkang sampun dipun dhaut, dipun kempalaken lan dipun tangsuli/dipun benteli lan dipun banjar wonten sabin.


2.    Panyiagan Sabin
Menawi  mangsa rendheng sampun dumugi, among tani sami nyiagaaken sabin. Wonten ing wekdal mekaten, pengolahanipun siti ingkang nggadhahi tujuan supados kahanan siti sabin cocok kaliyan taneman. Pengolahanipun siti sabin wonten mepinten-pinten tataran, kadosta : ndamel resik sabin, macul ,ngluku lan nggaru sabin.
3.    Pananeman Pantun
Wonten ing tataran punika, bibit pantun ingkang sampun umur 17 dumugi 25 dinten badhe inggal dipun tanem. Ingkang kawitan inggih menika dipun atur (biasanipun dipun atur jejer-jejer utawi dipun banjar). Ingkang ngemu tujuan supados anggampilaken wekdal pananeman pantun wonten sabin. Biasanipun dipun atur kanthi let ingkang sami. Utawi let 20 cm tamanan setunggal kaliyan setunggalipin. Bibit dipun tanem wonten siti pasabinan ingkang lebetipun toya kirang langkung 10 dumugi 15 cm.
4.    Pamiaranipun taneman

Sak sampunipun dipun tanem, mangka taneman badhe tuwuh ngrembaka wonten wekdal 3 dumugi 4 minggu. Wonten wekdal mekaten pantun kedah pikantuk toya ingkang cekap, kedah dipun rabuk, lan kedah dipun watun. Supados pantun mboten risak.
5.    Panen Pantun

Pantun biasanipun saget dipun undhuh utawi dipun panen udakawis 4 dumugi 5 wulan. Wonten ing wekdal mekaten, pantun sampun kebak isinipun lan warninipun sampun jene. Biasanipun wpnten ing pradesan taksih ngginakaken piranti tradhisional, inggih menika ani-ani kagem nganeni pantun. Sak sampunipun di pun panen, pantun dipun rontokaken saking wulenipun, kanthi cara dipun gepyok utawi dipun iles



3 komentar: